Sidebar Ads

banner image

Urip Bareng Kudu Ngajeni Wong Liyo | Pitutur Jawi



Kadhang-kadhang awake dhewe iki gampang kapusan. Jalarane gampang precaya marang sing bisa disawang. Upamane, weruh wong nganggo klambi kalungan dasi dirangkepi jas banjur penganggepe kuwi wong ampuh, wong pangkat, wong luhur, wong pinter, wong bener, wong sugih, wong becik. Kamangka nyatane ora mesthi ngono kuwi.

 Malah akeh banget wong sing katon njabane becik apik resik nanging jerohane ala, culika, ora pakra.

Pancen nyawang wong liya kuwi ora gampang. Ana sing katone ora mbejaji, eh jebulane malah pinter ngaji, wasis ngajeni, lan sregep andum kabungahan, satemah neng endi-endi dheweke diajeni.

Pancen ora kena mbiji wong liya mung kanthi sapendelengan mata. Sebab yen ora prayitna mripat batine malah bisa dadi gawe. Upamane, saomong-omongane wong liya watone duwe rupa bagus utawa ayu banjur diprecaya. Hla tibane akeh buktine yen tumindak becik kuwi ora ana gandheng-cenenge karo rai resik.

Tegese, sing kulite ora putih, sing irunge ora mbangir, sing lambene ora manggis karengat, sing untune ora miji timun, sing pipine ora nduren sajuring, sing drijine ora mucuk eri, kuwi ora banjur mesthi ala atine, ala ucape, lan ala tumindake. Aja dianggep sepele!

Sing lemu awake durung karuwan sregep nyambut gawe. Sing kuru awake ya durung karuwan kesed tandang gawe. Senajan gedhe nanging yen nyatane gombong ya mesthi luwih migunani sing cilik nanging mentes.

Mulane kuwi, ayo saiki sinau luwih ngati-ati nalika nyawang wong liya. Aja nganti gara-gara katon pucet banjur dianggep mesthi ora duwe daya. Aja nganti gara-gara irunge pesek banjur dianggep tumindake mesthi ala. Kuwi kabeh mung gambar sing kesawang mata. Kamangka ana gambar sing ora katon, sing mung kena disawang nganggo ati, pikiran, lan niyat sing cetha, iya kuwi sing diarani niyat ngajeni mring sapadha-padha.
(Bijak Jawa/FP)
Urip Bareng Kudu Ngajeni Wong Liyo | Pitutur Jawi Urip Bareng Kudu Ngajeni Wong Liyo | Pitutur Jawi Reviewed by Erhaje88 Blog on November 29, 2016 Rating: 5

No comments:

Erhaje88 tidak bertanggung jawab atas isi komentar yang ditulis. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Stay Connected

Powered by Blogger.