Sidebar Ads

banner image

Nasehat Orangtua Pada Anaknya | Pitutur Jawi


Ngger anakku...
(Wahai anakku...)
Sawangen kae dhagelan jagat
(Lihat disana, sandiwara dunia)
Sing lagi rebutan donya lan pangkat
(Yang sedang berebut harta dan pangkat)
Rumangsane wis paling kuat
(Merasa dirinya paling kuat)
Nganti lali yen dunya iki bakale kiamat
(Sampai lupa bahwa dunia ini akfn kiamat)

Ngger anakku...
(Wahai anakku...)
Sawangen kae dhagelan jagat
(Lihat disana, sandiwara dunia)
Padha lali ngrumat wasiat
(Semuanya lupa menjaga wasiat/amanah)
Gaman aji kanggo ndonya akhirat
(Pusaka untuk dunia akhirat)
Ngger anakku...
(Wahai anakku...)
Sing kok sawang kae aja ditiru
(Yang sedang kamu saksikan jangan ditiru)
Rungokna lan elinga karo pesenku
(Dengar dan ingatlah pesanku)
Kanggo ugeman lakon uripmu
(Untuk pegangan hidupnu)

Ngger anakku...
(Wahai anakku...)
Ayumu dudu saka wedak pupur kang gampang luntur
(Paras cantikmu bukan sebab bedak yang mudah hilang)
Nanging songko resike atimu sing nampa pitutur luhur
(Tapi dari bersihnya hatimu yang mau menerima nasehat mulya)
Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirna
(Kenkayaanmu bukan emas, harta yang cepat sirna)
Nanging jembare atimu sing kaya segara
(Tapi luasnya hatimu bak samudera)
Sing iso nampa pesthining kang maha kuwasa.
(Yang mau menerima kepastian dari yang maha kuasa)

Ngger anakku,
(Wahai anakku...)
Eling ta di eling-eling
(Ingat, di ingat-ingatlah selau)
Ojo nganti imanmu nggoling
(Jangan sampai imanmu hilang kendali)

Ngger anakku
(Wahai anakku)
Sekarat pati iku banget larane
(Sekarat akan mati itu sungguh sakit sekali)
Sebab nalika jaman uripe
Akeh dosane lali marang taubate
(Sebab ketika masih hidup banyak dosa lupa taubat)
Ngumbar terus hawa nafsu lan murkane.."
(Terus mengumbar hawa nafsu dan keserakahan)


Nasehat Orangtua Pada Anaknya | Pitutur Jawi Nasehat Orangtua Pada Anaknya | Pitutur Jawi Reviewed by Erhaje88 Blog on November 28, 2016 Rating: 5

No comments:

Erhaje88 tidak bertanggung jawab atas isi komentar yang ditulis. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Stay Connected

Powered by Blogger.